Sesorah iku ngandharake gagasan, penemu, informasi ana ing sangarepe wong akeh kanthi cara lisan. Dene supaya digatekake, anggone micara kudu nengsemake. Micara kang nengsemake iku ora mung awujud pakecapane wae ananging uga kabangun saka patrepe wong kang guneman.
Kanggo wong lagi gegladhen micara ana ngarepe wong akeh biyasane ana pepalang. Salah sijine pepalang mau tuwuh saka dhiri pribadhine dhewe yaiku rasa cilik ati satemah dadi mindher lan grogi.
Kanggo ngilangi rasa mindher nalika micara gatekna cara utawa tips ing ngisor iki!
- Nguwasani isi kang bakal dirembug. Prayoga nyepakake cathetan-cathetan cilik sing penting-penting wae. Nadyan mung salembar kertas kang isi cathetan bisa mbiyantu nambah rasa percaya marang awake dhewe.
- naganggo sandhang panganggo sing rapi. Sokur bae bisa gawe sengseme kang mrisani.
- Rumangsa yakin manawa kang diadhepi iku sajajar. Dikepriye wae, jroning ati kudu percaya menawa sing ngrungokake iku padha-padha manungsa titahe Gusti.
Assalamu’alaikum
wr. Wb
Dhumateng
Ibu Lurah Desa Las Vegas ingkang minulya,
Bapak-bapak,
Ibu-ibu sarta tamu undangan ingkang kinurmatan,
Sumangga
sesarengan nglahiraken puji dalah raos syukur wonten ngarsanipun Allah SWT
satemah wonten ing dinten menika saged ngelaksanaken tasyakuran khitan ananda
Beni.
Matur nuwun
dhumateng rawuhipun bapak, ibu, lan tamu undangan wonten ing acara tasyakuran
menika.
Bapak, ibu
ingkang kula urmati
Wonten ing
dinten menika putranipun bapak Hamid ingkang asma Beni sampun dikhitan.
Mugi-mugi sampunipun nglampahi tetakan menika ananda Beni saged mbekta asil
ingkang sae lan ndadosaken lare ingkang shaleh saged bekti, mituhu dhateng tiyang
sepah, serta migunani kagem nusa lan bangsa.
Para
hadirin,
Kawula
selaku MC badhe ngaturaken urutan acara ingkang sepindhah :
-Adicara
pembuka, sumangga sareng-sareng maos basmallah….. Mugi waosan basmallah menika
ndadosaken lancaripun acara tasyakuran khitan.
-Acara
kaping kalih inggih menika acara inti ingkang diisi tanggap wacana.
-Acara
kaping tiga inggih menika acara ingkang pungkasan badhe dipun tutup kalihan
waosan hamdallah sesarengan.
Mekaten
susunan acara, kegem menghemat wektu sumangga kita milahi acara inti inggih
menika tanggap wacana ingkang badhe diaturaken kalih panjenenganipun Ibu Lurah
Desa Las Vegas dhumateng panjenenganipun wekdal kawula aturaken.
Kita
aturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun Ibu Lurah ingkang sampun
paring tanggap wacana ing adicara menika.
Saklajengipun
inggih menika tanggap wacana saking wakil tamu. Dhumateng panjenganipun wekdal
kawula aturaken sakcekapipun.
Kita
aturaken agunging panuwun dhumateng panjenganipun.
Saklajengipun
inggih menika tanggap wacana saking wakil keluarga. Dhumateng panjenengaipun
wekdal kawula aturaken.
Kita aturaken
agunging panuwun dhumateng panjenenganipun.
Hadirin
ingkang minulya acara sampun kita laksanakaken. Kula selaku MC sampun cekap anggenipun
kula mbekta acara ing dinten menika. Bilih menawi anggenipun kula mbekta acara
wonten kesalahan, kula nyuwun agunging pengaksami.
Matur nuwun
dhumateng rawuhipun lan perhatianipun hadirin.
Kangge nutup
acara menika sumangga sareng-sareng maos hamdallah.
Wassalamu’alaikum
wr.wb
0 komentar:
Posting Komentar